Uripku akhir-akhir iki ra tata tenan, mangkat jam 6 esuk, bali jam 7 wengi. Wis koyo wong nyamburt gawe wae tapi bedane aku nyambut gawe ra entuk duit. Tur pancen, aku rada raiso nata jadwal. Becike wong saumuranku pancen sinau, tur aku mbatin. Urip ming sinau dadi wong pinter nanging raiso nandangi masalah ning jobo pelajaran. Nek kokean dolan dadi pekok soyo adoh seko sukses.Aku rada bingung iku, akhire tak putuske melu kegiatan nanging ora ketinggalan pelajaran. Nanging ........
Uripku soyo ra tata, ning pelajaran ming turu. Nyayet ra dong maksute, awak loro kabeh, tekan omah ming tinggal tepar. isine sing ra tata kabeh pokoke. Hurung masalah wedokan, wah soyo ndadi iki.
Aku pingin uripku luwih becik, aku kesel ro awakku dewe sing raiso ngatur jadwal, nyaris ancur kabeh. Pengen banget dadi wong sing pinter nata jadwal.
Use google translate please, if you dont know the aim of this post. Keyword " Javanese"